Soal Bahasa Jawa Kelas 7, Cocok Untuk PAT

Kami sajikan soal latihan mapel Bahasa Jawa kelas 7 yang bisa digunakan untuk PAT.

Soal ini terdiri dari 40 soal pilihan ganda dan 5 soal uraian. Hanya 10% soal Bahasa Jawa ini yang berkategori sulit, sisanya adalah mudah dan sedang.

Waktu pengerjaan soal paling lama 120 menit. Rata-rata siswa bisa menyelesaikan soal bahasa Jawa ini dalam waktu 100 menit.



Mapel          :  Bahasa Jawa

Hari/ tanggal :  

Kelas               :  VII (Tujuh)

Waktu              :  


I.   Wenehana tandha ping (x) ana ing aksara A, B, C utawa D sakngarepe pratelan kang paling bener!


1.   Karangan kang nggambarake objek kanthi tujuan supaya wong kang maca ngrasa kaya nyawang dhewe objek kang digambarake iku diarani . . . .

A.   Narasi

B.   Deskripsi  

C.   Argumentasi                    

D.   Persuasi


Wacana ing ngisor iki kanggo garap nomer 2-4


KLEPON


"Klepon yaiku panganan tradisional wong jawa kang digawe saka glepung beras ketan kang awujud bunde rmblondo kang duweni ukuran kaya dir dolanan bocah. Klepon biasane warnane ijo, nanging ana uga sing warna kuning, abang, lan ora ana warnane.

Rasane legi amarga ing tengah ana isine arupa gula jawa cair, dadi pas dipangan rasane maknyus.Teksture amoh, lan nang bagian njabane ana ampas enom kang nambahi cita rasa saka klepon iki."


2.   Klepon iku panganan tradisional saka . . . .

A.    Sumatra                          

B.    Jawa

C.     Bali                                  

D.     Papua


3.  Klepon digawe saka . . . .

A.  Glepung Beras                  

B.  Glepung tela

C.  Glepung Beras Ketan       

D.  Glepung sagu


4.   Liyane glepung, bahan apa wae kang digawe kanggo klepon?

A.    Gula pasir lan ampas klopo tua

B.    Gula jawa lan ampas klopo tua

C.     Gula pasir lan ampas klopo enom

D.     Gula jawa lan ampas klopo enom


Wacana ing ngisor iki kanggo garap nomer  5-8


Kebaya yaiku blus tradisional kang di enggo wong wadon ing Indonesia. Kebaya digawe saka bahan kang tipis lan biyasane dienggo karo sarung slendhang, jarik utawa bathik.

Kebaya Jawa kaperang dadi 2 yaiku Kebaya Solo lan Kebaya Yogyakarta. Dene kebaya iku uga ana kebaya jenise tradhisional lan modern. Kebaya Solo lan Kebaya Yogyakarta nduweni cirri kang dadi pambedaya iku ing bagean kerah. Ing Kebaya Solo nduweni kerah kotak (kutubaru) dene kebaya Yogyakarta nduweni kerah bentuk V.

Kebaya tradhisional inggih punika kebaya kang nduweni model klasik. Dene Kebaya Modern inggih punika kebaya kang wis ngalami perkembangan jaman saiki lan nduweni model maneka warna.

Kebaya nduweni lengen kang dawa, biyasane dienggo karo ngisoran kang dawa.Kebaya iku sandhangan kang khusus dienggo wong wadon. Kebaya biyasane dienggo ing acara resmi kayata ngantenan, resepsi, kartinian, lan acara acara penyambutan tamu agung. Kebaya biasane dipasangake karo jarik utawa kain kang mblebet awak.Kain iku nggawe wanita sing nganggo kagelan anggone mlaku. Iku sebabe wanita Jawa identik karo pribadhi kang lemah lembut.Kanggo wanita Jawa, kebaya ora naming sewates busana.

Ananging, kebaya uga nduweni filosofi nilai nilai panguripan.Wujud busana kang sederhana bias dadi wujud kasederhanaan masyarakat Indonesia. Nilai filosofi kebaya yaiku wujud kepatuhan, kealusan, lan unggah-ungguh serta budi pekerti luhur wanita ingkang sae.

5.   Sandangan kang tipis lan biyasane dienggo karo slendhang, jarik utawa bathik iku diarani. . . .

A.    Kebaya                            

B.    Klambi koko

C.    Gamis                              

D.    Klambi Batik


6.   Bentuk kebaya saka Solo yaiku . . . .

A.    Kerahe kutu baru            

B.    Kerahe model sanghai

C.    Kerahe bentuke lancip  

D.    Ora gawa kerah


7.   Kebaya biasane dienggo acara resmi ing ngisor iki, kajaba . . . .

A. Resepsi                            

B. Ngantenan

C. Kartininan                           

D. Kantor


8.   Ing ngisor iki nilai filosofi kebaya kanggone wanita, kajaba . . 

A. Kealusan                            

B. budipekerti

C. Unggah-ungguh                

D.  modern


9.   Tembung sing durung owah saka asale iku diarani tembung . . . .

A. Lingga                                

B. Andhahan

C.  Ater-ater                            

D. Wuwuhan


10.  Ingkang kalebu ater-ater tripurusa yaiku . . . .

A. Ng, ny, m                            

B. Dak, ko, di

C. ma, ka                                  

D. Um, in, la


11.  Ingsun uga tan mangkana,

Balilu kang sum alingi,

Kabisan sundekek ngrasa,

Isin menek denarani,

Balilu ing sujanmi,

Nanging batin ingsun cubluk,

Parandene jroning tyas,

Lumaku ing aran wasis,

Tanpa ngrasa prandene sugih carita.


Tembung ing tembang dhuwur sing tegese bodho, yaiku . . . .

A. Balilu                                    

B. Wasis

C. Kabisan                              

D. Sugih


12. Sipat sing dituduhake ing tembang iku sipate wong . . . .

A. Kumalungkung                  

B. Andhap asor

C. Lembah manah                 

D. Duga prayoga


13. Guru gatrane tembang ana ing dhuwur yaiku . . . .

A. 12                                        

B. 10

C.  9                                          

D.  8


14. Guru wilangane tembang ana ing dhuwur yaiku. . . . .

A. I                                            

B. U

C. O                                          

D. A


Waosan iki kanggo mangsuli pitakon nomor 15 – 20


Para luluhur sadaya,

Nggone nenedha mring Widhi,

Bisaa mbaboni praja,

Dadi ugering rat Jawi,

Saking talaten ugi,

Enggone katiban wahyu,

Ing mula mulanira,

Andhap asor enggone anamur lampah

Tapane nganggo alingan,

Pan sami alaku tani,

Iku kang kinarya sasab,

Pamrihe aja katawis,

Ujubriya lan kibir,

Sumungah ing siningkur,

Lan endi kang kanggonan,

Wahyuning karaton Jawi,

Tinempelan anggenipun kumawula.


15. Sifate para leluhur kang dituduhake ing tembang kasebut, yaiku . . . .

A. Tlaten lan andhap asor

B. Kumingsun lan sumangkeyan

C. Grusa-grusu lan panasten

D. Sembrana lan kurang ngati-ati


16. Para leluhur biyen anggone golek wahyu kanthi cara nyamur laku, tegese . .

A.  Dicongol-congolake  

B.  Dipamer-pamerake

C.  Ditutupi supaya ora ketara

D.  Dicritakake marang saben wong

 

17. Para leluhur biyen anggone tapa ditutupi nganggo dadi . . 

A.  Guru

B. Tani

C.  Abdi dalem

D.  Prajurit


18. Sipat kang ora ditinggalake para leluhur nalika tapa, yaiku . . . .

A.       Jubriya

B.       Kibir

C.       Sumungah

D.       Andhap asor


19. Ing tembang dhuwur ana tembung siningkir, tegese . . . .

A.       dicedhaki

B.       digoleki                   

C.       didohi

D.       diakrabi


20. Pathokane tembang sinom yaiku ….

A.  8a, 8i, 8a, 8i,7i, 8u, 7a, 8i, 12i

B.  8a, 8i, 8a, 8i,7i, 8u, 7a, 8i, 12a

C.  8a, 8i, 8a, 8i,7i, 8u, 7a, 8i, 12u

D.  8a, 8i, 8a, 8i,7i, 8u, 7a, 8i, 12e


Waosan kangge pitakon nomer 21-25


Ing nagari Kosala manggon ing Kutha Ayodya sing mapan dadi ratu yaiku Prabu Dasarata. Dheweke nggadhahi  garwa cacahe telu. Garwa kang pisan aran Dewi Kosalya kang kagungan putra Rama.Garwa kaping pindho arane Dewi Kekeyi kang peputra aran Barata. Dene, garwa sing nomer telu arane Dewi Sumitra kang kagungan putra aran Lesmana lan Satrugna.


Sawijining dina, Prabu Dasarata arep lengser keprabon. Dheweke arep nyerahke tahtane marang Rama. Ananging  Dewi Kekeyi ora sarujuk amarga biyen Prabu Dasarata nate janji bilih arep ndadekake Barata minangka rajaning Ayodya. Kanggo nyingkirake Rama, Dewi Kekeyi nyuwun dening Prabu Dasarata supaya Rama nglampahi ukuman buwang ing Alas Dhandhaka suwene !4 taun.


Rama nyarujuki kekarepane Dewi Kekeyi ngumbara ing Alas Dhandhaka kanthi  ditutke garwane, Dewi Sinta lan Lesmana.

Dumugi alas Dhandhaka, Dewi Sinta weruh kumlebating kidang kencana kang sisike warna emas.Dene kidang kencana kuwi sejatine Kala Marica yaiku utusane Dasamuka kang wewah wujud dadi kidang kencana supaya bisa narik kawigatene Dewi Sinta. Dewi Sinta rumangsa gumun lan kepengin nduweni kewan kasebut. Dheweke nyuwun karo Rama supaya dicekelake kidang kencana.


21.    Rama iku putrane Prabu Dasarata kaliyan ...

A.  Dewi Kekeyi                      

B.   Dewi Kosalya

C.   Dewi Sumitra                    

D.   Dewi Shinta


22.    Sedulure Rama kang melu ngumbara ing alas Dhandhaka yaiku ...

A. Barata                                  

B. Satrugna

C.  Lesmana                            

D.  Anoman


23.    Sing wewah wujud dadi kidang kencana yaiku ...

A.  Dasamuka                        

B.   Kumbakarna

C.   Sarpakenaka                    

D.   Kala Marica


24.    Kidang kencana tansah ngelam-elami amarga nduweni sisik werna ...

A. Kuning                                

B. Perak

C. Emas                                    

D. Putih


25. Dewi Shinta pirsa kidang kencana kang endah warnane banjur kepengin nduweni. Ukara kasebut nggadhahi piwulang ...

A.  Apa wae yen jabane apik jerone uga apik

B.   Yen kesengsem samubarang ora prelu ngerti njerone

C.   Aja gampang kepencut karo samubarang mung saka gebyare njaba

D.  Aja nyerah kanggo nggayuh samubarang sing dipengini


Anggenipun Rama mbebhedag kidang kencana ngantos dangu.Babagan punika ndadosaken penggalihe Dewi Sinta. Sadangunipun nengga sang Rama, piyambakipun mireng swanten sesambat, Dewi Sinta tratataban manahipun. Lajeng piyambakipun ngutus Lesmana supados murugi Rama


26.    Mireng swanten sesambat, Dewi Shinta trataban manahipun. Maksude ...

A.  Kuwatir banget                

B.  Getun banget

C.  Serik banget                      

D.  Seneng banget


27.    Dasamuka banjur metu saka pandhelikane saperlu nyamar dadi wong tuwa supaya bisa ndhusta Dewi Shinta. Tegese tembung ndhusta yaiku ...

A.  Nyolong                              

B.   Ndhustai

C.   Ngapusi                            

D.   Ngoyak


28.    Sing paring kabar yen Dewi Shinta dicolong dening Rahwana yaiku ...           

A.  Anoman                            

B.   Dasarata

C.   Lesmana                          

D.   Jatayu


29.    Dasamuka iku ratu ing kraton ...

A.  Ayodya                              

B.   Astina

C.   Manthili                            

D.   Alengka


30.    Prabu Dasamuka nduweni watak ...

A.  Wicaksana                        

B.   Culika

C.   Angkara murka                

D.   Ajrih


Bayu : “ Zaki, yo matur pakguru, bab acoro kemah minggu ngarep!”

Zaki : “ Lho,Rak wes ceto to?”

Bayu : “ Ceto piye to,genah pirantine opo wae, kumpule jam piro, rungono katrangan.”

Zaki :” woo… Lha kuwi. Kabeh kiwes diumumke. Kowe wae seng ranggateke”

Bayu : “ trus opo wae seng kudu digowo lan kumpul   jam piro?”

Zaki : “ ketoke kowe jatah nggowo kloso, kumpule sabtu jam 2 awan”.


31. Ing pacelathon kasebut ana tembung sing kalebu tembung krama,yaiku…


A. Matur                                  

B. Kumpul

C. Jatah                                   

D. Katrangan


32. Teks Pacelathon Bayu sing sepisanan iku sing tembunge salah ono 2, yaiku…

A. Seng lan Acoro                  

B. ngarep lan Minggu

C. Ya lan Acara     

D. Kemah lan Ngarep


33. “ Lho rak wes ceto to?” Tulisan sing bener yaiku…

A. Lha rak wis cetha ta?        

B. Lho rak wes cetho to?

C. Lho rak wis cetha ta?        

D. lha rak wes cetho ta?


Pramudita  : ”Citra, kok sajak kesusu ki sajane ana wigati apa, ta.”

Citra       : “Lha aku ditimbali Bu Mul, jarene dikon rada cepet amarga ana bab kang rada wigati.”


34. Citra katon rada kesusu amarga...

A. kepethuk karo Pramudita

B. ditimbali Bu Mul

C. ana bab kang wigati        

D. arep melu lomba


35. Tembung Wigati tegese padha karo ...

A. urusan                                

B. pawarta

C. perlu                                   

D. rembug


36.Pramudita karo Citra olehe padha guneman nganggo ragam basa...

A. Ngoko Lugu

B. Ngoko Alus

C. Krama Lugu

D. Krama Alus


37. Tembung "diutus" saka tembung ngoko...

A. diundang

B. dikongkon

C. diparani

D. disangoni


38. Bocah kae "dawa tangane”. Tembung dawa tangane padha karo...

A. Seneng nulung

B. Seneng nyolong

C. seneng njotos

D. Seneng ngawehi


Margo : Bu, Margo dipuntimbali Bu Yatni ing ruang BK sakmenika.

Ibu Guru : Lha ana perlu apa?

Margo : Miturut ngendikanipun Bu Yatni, Margo kala wingi mboten mlebet tanpa ijin,Bu.

Ibu Guru : O... ya. Margo... Kana sowan Bu Yatni.

Margo : Nggih, Bu.


39. Basa sing digunakake Margo nalika matur marang Ibu Guru, yaiku basa....

A. Ngoko Lugu

B. Ngoko Alus

C. Krama Lugu

D. Krama alus


40. ” O...Ya, Margo... Kana sowan Bu Yatni.”

Ukara iku nganggo basa..

A.    Ngoko Lugu

B.    Ngoko alus

C.    Krama alus

D.    Krama Lugu

 

II. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki  kanthi  pratitis !


1.  Gawea karangan deskripsi sak paragraf bae, babagan prastawa budaya!


2.  Golekana isi tembang Sinom ing pada ngisor iki!

Lan aja na lali padha,

Mring luluhur ingkang dhingin,

Satindake denkawruhan,

Angurangi dhahar guling,

Nggone ambanting dhiri,

Amasuh sariranipun

Temune kang sineja,

Mungguh wong nedha ing Widhi,

Lamun temen lawas enggale tenekan.


3.   Sebutna tokoh pewayangan kang ana ing Crita Ramayana!


4.   Tulisna pacelathon babagan karesikan sekolah sing ditindakake dening Pak Guru Wali Kelas lan anggota kelas 7!


5.   Gantinen dadi aksara Jawa !

Baladewa iku ratu ing kraton Mandura